Kamis, 06 Januari 2011

Aksara Jawa


AKSARA JAWA
(PASANGAN DAN SANDANGAN)

Disusun Untuk Memenuhi Tugas Mata Kuliah Bahasa Daerah dan Pembelajarannya
Dosen Pengampu : Drs. H. Sedya Santosa, S. S,. M. Pd

MAKALAH


Oleh
             Hana Alfiyah                         08480067
Ana Fitrotun Nisa                 08480068


PENDIDIKAN GURU MADRASAH IBTIDAIYAH
FAKULTAS TARBIYAH DAN KEGURUAN
UNIVERSITAS ISLAM NEGERI SUNAN KALIJAGA
YOGYAKARTA
2010
PERANGAN I
ATUR PEMBUKA

             Aksara Hanacaraka Inggih menika sawijining aksara ingkang kaagem ing Tanah Jawa lan
saubengipun. Aksara Hanacaraka iku uga di arani aksara Jawa nanging sajatiné ukara iki kurang sreg amarga aksara Jawa iku warnané akèh saliyané iku aksara iki ora mung dienggo nulis basa Jawa waé. Aksara iki uga dienggo nulis basa Sangsekreta, basa Arab, basa Bali, basa Sundha, basa Madura, basa Sasak lan uga basa Melayu.[1]
Nanging ing artikel iki ukara Hanacaraka lan aksara Jawa dienggo loro-loroné lan yèn ana ukara aksara Jawa sing dirujuk iku aksara Hancaraka. Aksara Hanacaraka kagolong aksara jinis abugida utawa hibridha antara aksara silabik lan aksara alfabèt. Aksara silabik iki tegesé yèn saben aksara uga nyandhang sawijining swara. Hanacaraka kalebu kulawarga aksara Brahmi sing asalé saka Tanah Hindhustan. Déné wujudé, aksara Hanacaraka anané wis kaya saiki wiwit sa-ora-orané abad kaping 17. Aksara Hanacaraka iki jenengé dijupuk saka limang aksara wiwitané.
            Ing ndalem nulis aksara Jawa uga butuh  alat sing kasebuh pasangan, sandhangan, aksara rekan, aksara swara, lan sak panunggalipun.
PERANGAN II
PEMBAHASAN
A.    Andharan Wulangan Aksara Jawa
Aksara Jawa menika wonten 20, ugi kawastanan aksara legena utawi dentawyanjana (caraka). Saben aksara legena menika wonten pasanganipun ingkang ginanipun kangge nyambung wanda (ucapan) segig utawi wanda ingkang mati kaliyan wanda candakipun. [2]
Aksara Hanacaraka utawi Aksara Jawa iku bisa diperang dadi pamerangan gaya Jawa utawa gaya Sansekreta. Nanging sing kapecak ing ngisor iki aksara Hanacaraka baku gaya Jawa.
Wujudipun Aksara Jawa inggih punika:















B.     Pasangan Aksara
Saben aksara ugi gadhah sawijining pasangan ingkang saged  'matèni' aksara sadurungé.
Wujudipu pasangan inggih punika:








Menawi di gabung kalian aksara legena wujudipun inggih punika :











Tuladhanipun
Nama Aksara
Wujud aksara
Pasangan
Tuladha
Ha
a
H
?wisH lus\.
Wis alus
Ca
c

?knCil\.
Kancil
Ka
k

?aymK[t.
Ayam kate
Da
f

?fnFn\.
Dandan
Sa
s

?mznSlk\.
Mangan salak
La
l

?aulm[L[l.
Ulam lele
Pa
p

?gupkPulut\.
Gupak pulut
Dha
d

?snDl\.
sandhal
Ja
j

?punJl\.
Punjul
Nya
v

?gelemVgua\.
Gelem nyuguh
Ma
m

?jlM.
Jalma
Ga
g

?mnukGgk\.
manuk gagak
Ba
b

?gmBs\.
Gambas
Tha
q

?knQil\.
Kanthil
C.   Sandhangan
Ingkang kawastan sandhangan inggih menika tetenger kangge ngewahi utawi muwuhi swantening aksara utawi pasangan. Sandhangan aksara jawa seged kaperang dados tigo, inggih menika :
1.    Sandhangan swara ana 5, yaiku :

Sandhangan swara iku ngowahi swara saka foném /a/ ing aksara nglegena ing swara liyané.
·            Wulu ngowahi swara dadi /i/
·            Suku ngowahi swara dadi /u/
·            Pepet ngowahi swara dadi /e/
·            Taling ngowahi swara dadi /è /
·            Taling tarung ngowahi swara dadi /o/
  Tuladha :
aiki [c[r
buku
pri
seg per
ke[bo
Iki cere
Buku
Pari
Sega pera
Kebo




2. Sandhangan wyanjana ana 3, yaiku :
·      Cakra,  iku mènèhi wanda /ra/ ing sawijining aksara. Aksara sing wis ditambahi cakra uga bisa didokoki sandhangan swara manèh.
·      Keret, iku mènèhi wanda /rě/ ing sawijining aksara.
·      Péngkal, iku mènèhi wanda /ya/ ing sawijining aksara, mèmper cakra. Aksara sing wis ditambahi cakra uga bisa didokoki sandhangan swara manèh, ya kaya cakra.
Tuladha :





Krasa
Kreteg
Kopyah

3. Sandhangan panyigeging wanda ana 3, yaiku :
Sandhangan panyigeging wanda iku sandhangan sing nggawé sigeging wanda utawa matèni swara. Sandhangan iki ana: layar, wignyan, cecak lan patèn.
·            Layar,  iku mènèhi foném /r/ ing sawijining aksara
·            Wignyan, iku mènèhi foném /h/ ing sawijining aksara
·            Cecak, iku mènèhi foném /ŋ/ ing sawijining aksara
·           Patèn  utawa pangkon iku kanggo matèni sawijining aksara supaya ora ana swarané manèh. Sing kéri mung konsonané utawa wyanjanané.
Tuladha :
?gjh.
?bub/.
?ly=.
?mzn\.
Gajah
Bubar
Layang
Mangan

Sandhangan iku ora kena pisah karo aksara sing disandhangi . Manawa ing tiba ing wekasane larikan kang papane wis sesak, sandhangan dalasan aksara kang disandhangi, kudu katulis ana ing larikan anyar (larikan candhake).

D.   Cak – cakipun Mulangaken Materi Aksara Jawa Ing SD
Materi aksara Jawa ing Sekolah Dasar, saged dipun wiwiti saking wulangan maos. Dipunandharaken saking tataran ingkang prasaja / sederhana inggih menika huruf / aksara (aksara legena, pasangan, lan sandhang). Guru saged saged nepangaken aksara jawa jenena mawi lelagon (kangge kelas rendah). Sasampunipun pana babagan aksara / huruf. Saged dipunterasaken kanthi ngracik huruf ( aksara legena saha pasanganipun) dados tembung. Salajengipun saged dipunterasaken kanthi maringi tuladha tembung ingkang pikatuk sandhangan.
Tuladha tembung- tembung kala wau kapilih ingkang prasaja kemawon. Menawa sampun pana babagan tembung, saged dipunterasaken maos saha nyerat aksara Jawa ing tataran frasa / klausa, saha ukara.
Kangge siswa kelas tinggi saged dipun tepangaken aksara Jawa murda, aksara rekanm aksara swara angka jawa dumugi tataran wacana. Gladhen bab aksara jawa ugi kedah katindakaken deing para siswa saking wujud ingkang prasaja rumiyin, gui caranipun nglisanaken dumugi penyeratanipun.
Guru ugi saged ndamelaken  flash card aksara Jawa supados siswa saged ngapalaken aksara Jawi kanthi cepet lan saged ngangge dolanan. Metode dolanan sae sanget kangge siswa alit, supados siswa saged ngapalaken kanti cepet.






PERANGAN III
RINGKESAN
Aksara Hanacaraka Inggih menika sawijining aksara ingkang kaagem ing Tanah Jawa lan saubengipun. Aksara Hanacaraka iku uga di arani aksara Jawa nanging sajatiné ukara iki kurang sreg amarga aksara Jawa iku warnané akèh saliyané iku aksara iki ora mung dienggo nulis basa Jawa waé. Aksara iki uga dienggo nulis basa Sangsekreta, basa Arab, basa Bali, basa Sundha, basa Madura, basa Sasak lan uga basa Melayu.
Aksara Jawa menika wonten 20, ugi kawastanan aksara legena utawi dentawyanjana (caraka). Saben aksara legena menika wonten pasanganipun ingkang ginanipun kangge nyambung wanda (ucapan) segig utawi wanda ingkang mati kaliyan wanda candakipun.
Saben aksara ugi gadhah sawijining pasangan ingkang saged  'matèni' aksara sadurungé. Lan sandhang menika wonten tigo, inggih menika sandhang swara, sandhangan wvyanjono, lan sandhangan panygeging wanda.
Pengetahuan dateng babagan aksara Jawa pinting sanget kagem ngurip- nguripaken budhaya Jawa. Salah setunggalipun cara inggih meniko mlebetaken pengetahuan aksara Jawa ing pelajaran sekolah, supados siswa nyinauni kabudayan menika. Kathah metode sing saged di agem, antawisipun inggih menika kangge metode lelagon, flash card, dolana, lan sakpanunggalipun.




KAPUSTAKAN

·         Daryanto, 1999. Kawruh Basa Jawa Pepak. Surabaya : Apollo
·         Endraswara, Suwardi. 2005. Buku Pinter Budaya Jawa Mutiara Adiluhur Orang Jawa. Yogyakarta : Gelombang Pasang.
·         Supantinah. 2007. Buku Pegangan Kuliah Mata Kuliah Bahasa Jawa. Yogyakarta: Universitas Negeri Yogyakarta.
·         Yuwono, Y A. 1987. Sapala Basa Jawa. Surabaya : Marfiah.
·         http://jv.wikipedia.org/wiki/Hanacaraka (Dikutip Tanggal 07 Desember 2010)



[2]  Supartinah, Buku Pegangan Kuliah Mata Kuliah Bahasa Jawa. 2007. ( Yogyakarta: Universitas Negeri Yogyakarta).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar